ꦥꦩ꧀ꦧꦸꦏꦏ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦧꦱ ꦗꦮ


Surat Al Fatihah iku ora namung pambuka utawa pangwiwit ananging uga pambukak ing uriping para Muslim. Surat Al Fatihah iku dhewe dumadi sarining Al Qur an. Kabeh kang kudu diudhêngi wong Islam wis disari ing Surat iki. Lan ing sêmbahyang salat ingkang lima, Surat Al Fatihah dibaleni ing sabên rakaate tanpa kêndhat.

Sumangga awakdhewe angwaca Surat Al Fatihah lan ayate kang pitu.

꧇꧑꧇ ꦧꦶꦱ꧀ꦩꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲ꧀ꦲꦶꦂ ꦫꦲ꦳ꦩꦴꦤꦶꦂ ꦫꦲ꦳ꦷꦩ꧀

꧇꧒꧇ ꦲꦭ꧀ꦲ꦳ꦩ꧀ꦢꦸ ꦭꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲ꧀ꦲꦶ ꦫꦧ꧀ꦧꦶꦭ꧀ ꦔ꦳ꦴꦭꦩꦷꦤ꧀

꧇꧓꧇ ꦲꦂꦫꦲ꦳꧀ꦩꦴꦤꦶꦂ ꦫꦲ꦳ꦷꦩ꧀

꧇꧔꧇ ꦩꦴꦭꦶꦏꦶ ꦪꦻꦴꦩꦶꦢ꧀ ꦢꦷꦤ꧀

꧇꧕꧇ ꦲꦷꦪꦴꦏ ꦤꦔ꦳꧀ꦧꦸꦢꦸ ꦮ ꦲꦷꦪꦴꦏ ꦤꦱ꧀ꦠꦔ꦳ꦷꦤ꧀

꧇꧖꧇ ꦲꦶꦃꦢꦶꦤꦱ꦳꧀ ꦱ꦳ꦫꦴꦛ꦳ꦭ꧀ ꦩꦸꦱ꧀ꦠꦐꦷꦩ꧀

꧇꧗꧇ ꦱ꦳ꦶꦫꦴꦛꦭ꧀ ꦭꦢ‿ꦗ꦳ꦷꦤ ꦲꦤ꧀ꦔ꦳ꦩ꧀ꦠ ꦔ꦳ꦭꦻꦲ꧀ꦲꦶꦩ꧀ ꦒ꦳ꦻꦫꦶꦭ꧀ ꦩꦒ꦳꧀‌ꦝ꦳ꦹꦧꦶ ꦔ꦳ꦭꦻꦲ꧀ꦲꦶꦩ꧀ ꦮ ꦭꦝ꦳꧀ ꦝ꦳ꦴꦭ꧀ꦭꦷꦤ꧀

Jarwaning Surat Al Fatihah ing basa Jawa kaya mangkene .

Awit ingkang asma Allah, kang Mahamurah tur kang Maha-asih.

1. Sakèhing pêpuji iku konjuk ing Gusti Allah, Gustining jagad.

2. Kang Mahamurah tur kang Maha-asih.

3. Ratuning dinaning piwalês.

4. Kawula nêmbah ing Tuwan, saha kawula nyuwun pitulung ing Tuwan.

Namung dhumatêng Pañjênêngan Dalêm kemawon kawula sami asêmbahyang lan namung dhumatêng Pañjênêngan Dalêm kemawon kawula sami anyuwun pitulung.

5. mugi nêdahna wot lêrês (Uwot lêrês, têgêse dalan kang bênêr, iya iku saraking agama Islam. Jamal.) dhumatêng kawula.

Mugi têdahna 

6. Uwotipun para tiyang ingkang sami Tuwan paringi nikmat. (Nikmat, têgêse sadhengah kang makolèhi marang manungsa, nanging tumrape ana ing akherat, kang makolèhi mau mung iman, iya iku pangandêl marang Allah. Jamal.).

parilangên nugrah

7. Dede tiyang ingkang sami kenging bêbêndu, lan dede tiyang ingkang sami kêsasar.

ambêgsiya

Ing cara dawane kang katulis ing têmbang Macapat kaya mangkene.

Kanthi nyebut ing asmaning Gusti
Gusti Allah ingkang Maha Mirah
Maha Asih sejatine
Puja lan pujiKu
Among Allah ingkang ndarbeni
Gustining jagat raya
Ya alam sawegung
Maha welas asih cetha
Kang ngratoni dinaning agama yekti
kukuding alam donya

Amung dhumateng Paduka Gusti Hamba nyembah saha kumawula
Angrerepa dhepe-dhepe
Hamba Nyuwun pitulung
Timedehna margi kang yekti
Margining tiyang katha
Ingkang begja tuhu
Paduka paringi nikmat
sanes margi bebendu lan sasar sami
Amin tutuping donga

Agama Islam lan basa Jawa utawa basa apa wae iku dudu barang kang ora gumathuk. Agama, basa, budaya, lan aksara iku kabeh bisa anyawiji tanpa angrusak utawa angurangi. Muslim Jawa wiwit jaman Walisanga iku atêtêg anggone anglakoni agama lan basa, aksara, budayaning wong Jawa tanpa akêsêl tansah anyêbarakên agama anuwuhakên trêsna dhumatêng Gusti Allah SWT, Kañjêng Nabi Muhammad SAW, lan agama Islam ing sabên wayahe. Awakdhewe wong Islam kang tinitahake ing tlatah Jawa iki namung bisa aniru apa kang abêcik kanggo wong Jawa supaya padha abali dhumatêng Gusti Allah lan Kañjêng Nabi Muhammad tanpa maisin karo têkdire awakdhewe kang tinitahake kanthi abeda abeda. Salah sawiji, awakdhewe kang tinitah dening Gusti Allah SWT dumadi wong Jawa iki. Kanthi angwaca surat Al Fatihah, mugi kabeh kang maapik bisa diparingi kabukak dening Gusti Allah SWT Aamiin. Puji lan panuwun dhumatêng Gusti Allah, Alhamdulillahi Rabbil Alamin.



Comments

Popular posts from this blog

ꦩꦤꦱꦸꦏ꧀ꦩꦤꦶꦁ ꦥꦶꦤꦶꦲꦼꦚ꧀ꦗꦃꦲꦼꦚ꧀ꦗꦃ

ꦝꦿꦷꦩ꧀ ꦄꦼ ꦭꦶꦛꦺꦭ꧀ ꦝꦿꦷꦩ꧀ ꦄꦼꦮ꦳꧀ ꦩꦶ

ꦱ꧀ꦮꦭꦏꦸꦮꦱ꧀ꦠꦸ