Posts

Showing posts from September, 2026

ꦥꦩ꧀ꦧꦸꦏꦏ꧀ ꦭꦤ꧀ ꦧꦱ ꦗꦮ

Image
Surat Al Fatihah iku ora namung pambuka utawa pangwiwit ananging uga pambukak ing uriping para Muslim. Surat Al Fatihah iku dhewe dumadi sarining Al Qur an. Kabeh kang kudu diudhêngi wong Islam wis disari ing Surat iki. Lan ing sêmbahyang salat ingkang lima, Surat Al Fatihah dibaleni ing sabên rakaate tanpa kêndhat. Sumangga awakdhewe angwaca Surat Al Fatihah lan ayate kang pitu. ꧇꧑꧇ ꦧꦶꦱ꧀ꦩꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲ꧀ꦲꦶꦂ ꦫꦲ꦳ꦩꦴꦤꦶꦂ ꦫꦲ꦳ꦷꦩ꧀ ꧇꧒꧇ ꦲꦭ꧀ꦲ꦳ꦩ꧀ꦢꦸ ꦭꦶꦭ꧀ꦭꦴꦲ꧀ꦲꦶ ꦫꦧ꧀ꦧꦶꦭ꧀ ꦔ꦳ꦴꦭꦩꦷꦤ꧀ ꧇꧓꧇ ꦲꦂꦫꦲ꦳꧀ꦩꦴꦤꦶꦂ ꦫꦲ꦳ꦷꦩ꧀ ꧇꧔꧇ ꦩꦴꦭꦶꦏꦶ ꦪꦻꦴꦩꦶꦢ꧀ ꦢꦷꦤ꧀ ꧇꧕꧇ ꦲꦷꦪꦴꦏ ꦤꦔ꦳꧀ꦧꦸꦢꦸ ꦮ ꦲꦷꦪꦴꦏ ꦤꦱ꧀ꦠꦔ꦳ꦷꦤ꧀ ꧇꧖꧇  ꦲꦶꦃꦢꦶꦤꦱ꦳꧀ ꦱ꦳ꦫꦴꦛ꦳ꦭ꧀ ꦩꦸꦱ꧀ꦠꦐꦷꦩ꧀ ꧇꧗꧇ ꦱ꦳ꦶꦫꦴꦛꦭ꧀ ꦭꦢ‿ꦗ꦳ꦷꦤ ꦲꦤ꧀ꦔ꦳ꦩ꧀ꦠ ꦔ꦳ꦭꦻꦲ꧀ꦲꦶꦩ꧀ ꦒ꦳ꦻꦫꦶꦭ꧀ ꦩꦒ꦳꧀‌ꦝ꦳ꦹꦧꦶ ꦔ꦳ꦭꦻꦲ꧀ꦲꦶꦩ꧀ ꦮ ꦭꦝ꦳꧀ ꦝ꦳ꦴꦭ꧀ꦭꦷꦤ꧀ Jarwaning Surat Al Fatihah ing basa Jawa kaya mangkene . Awit ingkang asma Allah, kang Mahamurah tur kang Maha-asih. 1. Sakèhing pêpuji iku konjuk ing Gusti Allah, Gustining jagad. 2. Kang Mahamurah tur kang Maha-asih. 3. Ratuning dinaning piwalês. 4. Kawula nêmbah ing Tuwan, saha kawula nyuwun pitulung ing Tuwan. N...